Pages

artikel bahasa jawa tentang tata krama

Senin, 23 Mei 2016



Semrawut

Sinau basa jawa jaman biyen karo saiki akeh bedane. Yen jaman biyen sinau basa jawa iku ora susah amarga langsung ditrapake ing urip bendinane. Saengga unggah-ungguh, tata krama, lan tindak-tanduke bocah biye iku kudu ditrapake karo budaya jawa. Bocah biyen iku ora ana sing ngendikan kasar marang wong tuwa lan isih kena dituturi. Wong tuwa jaman dhisik kerep kandha: “ora elok” artine ora becik, kanggo nglarang anake. Dadi anak ora sacara teras dilarang, apa maneh dinesoni. Ungkapan kasebut dipangarahake supaya si anak ora ngelakoake panggawe sing ora sopan utawa mekewuhi keharmonisan alam. Kayata ungkapan: “ora elok ngelungguhi bantal, mengko udunen.” Pangarahe supaya ora lungguh ning bantal amarga bantal iku alas sirah. Tempo dhisik, wong tuwa gemang nggamblangna, ning sabenere kuwi ngrupakne kearifan. Luwih becik nglarang karo arif, saka nang cara atos.Beda karo bocah saiki sing ora kena dituturi lan unggah-ungguh sing ora karu-karuan. Ilange unggah-ungguh menika amarga pangaribawani dening budaya asing sing ora cocok karo budaya jawa. Wong tuwa jaman saiki yo akeh sing ora patio ngopeni unggah-ungguh lan tata krama anake. Padahal unggah-ungguh lan tata krama iku kudu ditrapake ket bocah isih cilik. Pramila saking menika pemerintah mulai nggalakake budaya jawa maneh. Piwulangan basa jawa saiki yo luwih nyenengno amarga anane kurikulum 2013. Para dwija uga luwih tinarbuka lan bisa diajak tularitok perkara pelajaran. Para murid dadi luwih aktif lan semangat nyinauni basa jawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
FREE BLOGGER TEMPLATE BY DESIGNER BLOGS