Pages

cerkak basa jawa tentang kejujuran

Senin, 23 Mei 2016


Pesenane Sibu
Ardi dina iki mulih sekolah atine bungah banget, praupane sumringah amarga deweke oleh biji 100 ing ulangan matematika. Deweke bangga amarga bisa ngungguli kancane sing padha pinter ing piwulangan matematika.
Teka omah ardi banjur salin lan kandha ibune yen deweke bisa oleh biji 100 ing ulangan matematika. “bu, ardi angsal biji 100 ing ulangan matematika bu..” “iyo to le? Ibu seneng banget awakmu bisa oleh biji 100. Iki dakwenehi duwit kanggo jajan karo adhimu, tapi sakdurunge jajan, tuku kecap sek ya le..” “ inggih bu..matur suwun”
Ardi banjur ngajak adhine tuku kecap pesenane ibune mau. Adhine yo seneng amarga bar tuku kecap deweke arep diajak njajan karo kakange. Ning dalan hawane panas banget, adhine ardi ketelak, banjur ngomong “mas, srengengene panas banget, aku ketelak mas..” ardi sing sakbenere yo ngelak banjur nyauri “iyo dek, aku  yo ngelake, ayo mampir tuku es dhisik, nak ngarep kono enek warung bakso ayo tuku es nok kono” “ iyo mas” ardi lan adhine langsung njujug warung bakso iku.
“pak, es degane kalih pak” “oo.. iyo dek, lha baksone iyo opo ra?” amarga ardi mulih sekolah mau durung mangan deweke luwe. “inggih pak, baksone kalih nggih” ardi lan adhine banjur lungguh ngenteni pesenane. “ monggo dek” matur suwun pak” ardhi lan adhine langsung nyerbu  bakso lan es degan mau. Deweke lali yen diutus tuku kecap karo ibune, Deweke kaget yen duwike entek kanggo tuku bakso lan es degan mau. Ardhi banjur ngejak adhine mulih.
Teka omah ardhi ora wani ngomong ibune yen deweke durung tuku kecap amarga duwite entek digawe jajan. Ibune banjur nakoni “lha endi le kecape?” ardi gelagepan njawab. “niku bu... niku...” “ono opo to le?” “niku bu, artanipun sampun telas kanggi tumbas bakso kalih es degan bu. Sepurane bu kalawau ardi kalih adhik luwe” “ owalah le le.. yo wes ora popo sesuk maneh ojo dibaleni yo, nek diutus dilakoni ndhisik lagek iso seneng-seneng” “inggih bu.. kulo nyuwun pangapunten” “iyo le ora popo” .
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
FREE BLOGGER TEMPLATE BY DESIGNER BLOGS