Semrawut
Sinau basa jawa jaman biyen karo saiki akeh bedane. Yen jaman
biyen sinau basa jawa iku ora susah amarga langsung ditrapake ing urip
bendinane. Saengga unggah-ungguh, tata krama, lan tindak-tanduke bocah biye iku
kudu ditrapake karo budaya jawa. Bocah biyen iku ora ana sing ngendikan kasar
marang wong tuwa lan isih kena dituturi. Wong tuwa jaman dhisik kerep kandha:
“ora elok” artine ora becik, kanggo nglarang anake. Dadi anak ora sacara teras
dilarang, apa maneh dinesoni. Ungkapan kasebut dipangarahake supaya si anak ora
ngelakoake panggawe sing ora sopan utawa mekewuhi keharmonisan alam. Kayata
ungkapan: “ora elok ngelungguhi bantal, mengko udunen.” Pangarahe supaya ora
lungguh ning bantal amarga bantal iku alas sirah. Tempo dhisik, wong tuwa
gemang nggamblangna, ning sabenere kuwi ngrupakne kearifan. Luwih becik
nglarang karo arif, saka nang cara atos.Beda karo bocah saiki sing ora kena
dituturi lan unggah-ungguh sing ora karu-karuan. Ilange unggah-ungguh menika amarga
pangaribawani dening budaya asing sing ora cocok karo budaya jawa. Wong tuwa
jaman saiki yo akeh sing ora patio ngopeni unggah-ungguh lan tata krama anake.
Padahal unggah-ungguh lan tata krama iku kudu ditrapake ket bocah isih cilik.
Pramila saking menika pemerintah mulai nggalakake budaya jawa maneh. Piwulangan
basa jawa saiki yo luwih nyenengno amarga anane kurikulum 2013. Para dwija uga
luwih tinarbuka lan bisa diajak tularitok perkara pelajaran. Para murid dadi
luwih aktif lan semangat nyinauni basa jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar